Instrument Tes, Jawaban dan Penyelesaian / Penjelasan
Di Susun Untuk Memenuhi Ujian Mata Kuliah
Penilaian Pencapaian Hasil Belajar
Dosen Pengampu : Mulyana, M. Hum.
Di Susun Oleh :
Nama : Imam Waluyo
NIM : 06205244150
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2010
Bentuk Instrument Tes Pilihan Ganda untuk kelas X PM 1
SMK N 2 Purworejo
Soal
Kawaosa pratelan menika!
Ing ”Kantin Kejujuran” ora ana sing tunggu. Sing tuku njupuk dhewe barange, mbayar dhewe, lan yen butuh susuk uga njupuk susuke dhewe. Ing kanyatan jeroning ombyaking masarakat kanggo nanem watak jujur mono isih butuh sarat lan sarana sing luwih ketimbang mung Kantin Kejujuran.
1. Isining cerita ing nginggil inggih menika ......
a) Nindakaken kejujuran
b) Kawontenan Kantin Kejujuran
c) Ing kantin kejujuran sing tuku njupuk dhewe
d) Angel anggone nanem kejujuran
e) Kantin kang ora ditunggu
Kawaosa lan kawangsulna pratelan sesorah wonten ngandhap kanthi permati!
Kados sampun kawuningan dening para rawuh sadaya, bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, kita Bangsa Indonesia sampun kasil uwal saking blenggunipun penjajah, sarta kanthi pangurbanan rah tuwin waspo ingkang mboten sakedhik, para pemimpin kita sampun kasil maosaken Teks Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia dhateng saindenging bawana, saengga sedaya bangsa ing manca nagari sami mangertosi, bilih sampun lair satunggaling negari enggal ingkang nami Republik Indonesia. Wonten ing dinten benjang enjang tanggal 17 Agustus 2010. Negari kita sampun jangkep yuswa 66 taun.
2. Menapa wosing budi pekerti sesorah ing nginggil?
a) Kasetyan
b) Pakurmatan
c) Pengurbanan
d) Ngabdi
e) Perjuwangan
3. Sawijining dina ing SMK N 2 Purworejo geger, merga sawenehe bocah jeneng Adi kesurupan. Dheweke ngamuk mbaliki bangku lan ngobrak - abrik ruwang sekolahan.
Tembung ”geger” ing nginggil ateges .......
a. Sumringah
b. Padhang
c. Susah
d. Ribut
e. Seneng
4. Bebrayan Jawa racake isih padha duweni sipat dalah sikap lembah manah, saupama nembe wewangunem karo wong liya, tansah nengenake kesopanan.
Isi budi pekerti ing cerita ing nginggil inggih menika ........
a. Bebrayanipun tiyang Jawa
b. Tansah nindakake kesopanan
c. Anggenipun guneman kaliyan tiyang sanes
d. Sipatipun tiyang Jawa
e. Tiyang Jawa wewangunem karo wong liya
5. Tumrape wong Jawa, kedhayohan kuwi padha karo nampa rejeki. Mula yen ana tamu ora tau nglirwakake gupuh, lungguh lan suguh, tembung lungguh ngemu teges yaiku……..
a) Kursi
b) Ngaturake lungguh
c) Nampi tamu kanthi lungguh
d) Nyediakake kursi dingo lungguh
e) Lungguh bebarengan
6. Trap-trapane pakurmatan saged digerba manut tata kramane, kaya dene para sesepuh, aji sepuh, pepunden kuwi kalungguhane sajajar, mula migunakake tembung–tembung ..........
a) Satuhu prasidha ing karya, ingkang minulya ing karya
b) Ambeg berbudi dharma, dahat kinurmatan
c) Berbudi utami, dahat kinurmatan
d) Satuhu sidik ing wacana, dahat sinungkeman
e) Dahat sinudarsana, dahat kinurmatan
Kawaosa lan kawangsulna pratelan wonten ngandhap kanthi permati!
Kearifan lokal lagi dadi pirembugane para winasis. Ora baen-baen pakar-pakar sing wis duwe gelar professor doctor lan ahli sastrawan budaya lagi menehi kawigaten mirunggan ngenani tema iki. Kearifan lokal iku wujud tata nilai, budaya, lan tingkah laku kang katindakake dening kelompok lokal iku menehi pisungsung tumrap bebrayan. Perilaku urip sing dianggep maju lan moderen kuwi pancen bisa menehi kenikmatan lan kemakmuran. Emane anggepan luwi ora sawutuhe bener. Sajroning modernitas ana bab-bab kang ditinggal, malah banjur mbebayani marang kalenggahan urip bebrayan.
7. Sipat moral wonten ing berita inggih menika .............
a. Urip bebrayan
b. Modernitas ingkang dipunpilah lan dipunpilih
c. Kemakmuran ing bebrayanan
d. Tinampanan dhateng modernitas
e. Kearifan lokal lagi dadi pirembugane para winasis.
8. Nalika sesorah ing ngajengipun tiyang, sikap / solah bawa ingkang trep inggih menika……..
a. Asring pitakon menawi mboten mangerteni bab ingkang dipun andharaken
b. Njoged menawi perlu kangge ndamel suwasana
c. Sikap ngapu rancang
d. Asring kukur kukur
e. Asring gumujeng
9. Perangan sesorah ingkang dipunginakaken kangge nampi rawuhipun para tamu ing pawiwahan dipunwastani…….
a) Atur kabar
b) Atur pambagya
c) Pangajak
d) Atur panglipur
e) Mutiara wicara
10. Anggenipun maos pawarta kedhah migatosaken!
a) Wirasa, wirama, raga
b) Wirama, basa, wirasa
c) Wirasa, wiraga, solah bawa, busana, raga, atur pambagya
d) Wirama,wirasa,wiraga
e) Swara, basa, raga
Kawaosa sesorah menika!
Boten lepat tuwin boten wonten awonipun kangge kita sedaya kangge ngenget jasa para pahlawan. Ing salebeting kita merdika kita taksih berjuang. Perjuangan ingkang boten kangge merangi utawi ngusir penjajah, ananging kangge merangi tuwin ngusir kemiskinan tuwin kebodhohan.
11. Unsur moral menapa ingkang wonten ing sesorah menika?
a. Ngenget jasa pahlawan lan nglajengaken perjuwanganipun
b. Berjuwang ngusir penjajah
c. Kamardikan saking pahlawan
d. Jasa pahlawan perjuwangan
e. Kita taksih berjuang
Kawaosa pawarta menika!
Sanajan kalebu wis rada suwe anane lembaga kursus budaya Jawa, nanging tumeka saiki babagan murid durung tau luwih saka 30 saben angkatane. Saiki taksih akeh sing lamis marang budayane dhewe.
12. Prinsip menapa ingkang mathuk kaliyan berita ing nginggil?
a. Lamis marang budaya Jawa
b. Budaya Jawa boten ngremenaken
c. Boten wonten ingkang nguri-uri budaya Jawa
d. Luwih remen kaliyan budaya sanes
e. Lembaga kursus budaya Jawa
13. Sumangga kula ndherekaken ngaturaken suka sukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Wikan. Maha Wikan tegesipun……..
a. Maha adil d. Maha agung
b. Maha kuwasa e. Maha priksa
c. Maha mirah
14. Wis mesthine kita urip ing alam donya kudu srawung karo sapa bae. Anggone srawung paling becik uga ora mbedak-mbedakake antarane siji lan sijine.
Tembung ”srawung” ing nginggil ateges .......
a. Caket d. Tepang
b. Sareng e. Kancan
c. Alang-alang
15. Menapa ingkang kedah dipungatosaken menawi guneman kaliyan tiyang sanes ?
a. Busana d. Yuswa
b. Solah bawa e. Asta
c. Panggonan
Kawaosa lan kawangsulna pratelan wonten ngandhap kanthi permati!
LAKU UTAMA
Anggitanipun: Wisnoe Wardhana
Lakuning urip para satriya
Laku yeku tata cara
Tata mamrih tumatane jagad
Cara murih gangsaring panindak
Tumuju ing karahayon
Ayuning tri buwana
Lestarining kamulyan jati
Satriya rembesing madu
Solah bawa manis titis
Tedhaking amaratapa
Suci nora kaworan rereged
Turasing andana warih
Sung pepadhang myang pamudharan
16. Irah-irahanipun geguritan ing nginggil menapa.........
a. Lakon d. Lakon utama
b. Lelakon e. Kelakon
c. Laku Utama
17. Becik njembarake pikir nggayuh kabegjan. Tegese tembung nggayuh yaiku…….
a. Nyurung d. Ngupaya
b. Ngangsu e. Nggeret
c. Nyuwun
18. Aja seneng duwe watak kaya ing Cerita Mahabharata sing ngrusak paseduluran. Yen ing pasrawungan becike tuna sathak bathi sanak, ingkang ateges........
a. Rugi bandha bathi sedulur
b. Ngraketake sedulur, pramila rugi
c. Gelem bathi ora gelem rugi kanggo sedulur
d. Bathi kaliyan rugi amarga sedulur
e. Methal pasederekan amarga rugi
Kawaosa lan kawangsulna guneman wonten ngandhap kanthi permati!
Tamu : ”kula nuwun”
Widada : ”mangga...mangga pak”
Tamu : ”apa bener nak, iki daleme Pak Wasita”
Widada : “Inggih leres, mangga kula aturi lenggah rumiyin”
Tamu : “apa bapak ana dalem nak?”
Widada : “ Bapak wonten dalem, mangga lenggahanipun, kula badhe matur bapak”
19. Menapa wosing budi pekerti wonten ing guneman menika ?
a. Menawi wonten tamu kedah nyuwun pirsa asmanipun
b. Nyuwun pirso badhe wonten pentingan menapa
c. Yen ana tamu tampanen kanthi basa sing becik ulat sumeh, grapayak, banjur diaturi pinarak
d. Menawi ana tamu dipun aturi pinarak.
e. Tamunipun langsung dipunaturi lenggah
20. Tiyang ingkang guneman kaliyan tiyang sanes kedah ngagem ?
a) Basa kang alus
b) Sasmita
c) Solah bawa
d) Unggah-ungguh
e) Irama
Jawaban
1. B 11. A
2. E 12. C
3. D 13. E
4. B 14. D
5. B 15. B
6. D 16. C
7. B 17. D
8. C 18. A
9. B 19. C
10. D 20. D
Penjelasan Jawaban
1. Jawaban B (Kawontenan Kantin Kejujuran)
Wosing pratelan crita menika nyariosake kahanan wonten ing kantin, kahanan ingkang wonten ing kantin menika yaiku, menawi badhe tumbas, barang, susuk lan mbayaripun mundut piyambak, mboten wonten ingkang nunggu. Ingkang dados inti wosing crita uatawi isi wonten ing crita menika nyariosaken kawontenan kantin kejujuran.
2. Jawaban E (Perjuwangan)
Wonten ing sesorah menika, nyariosake Bangsa Indonesia ingkang sampun kasil uwal saking blenggunipun penjajah, kanthi pangurbanan rah tuwin waspo ingkang mboten sakedhik. Saking wosing sesorah menika, saged dipun mangerteni wosing crita yaiku nyariosake ”perjuwangan” bangsa Indonesia saking blenggunipun penjajah, kanthi kasil maosaken Teks Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia dhateng saindenging bawana. Saengga sedaya bangsa ing manca nagari sami mangertosi, bilih sampun lair satunggaling negari enggal ingkang nami Republik Indonesia.
3. Jawaban D (Ribut)
Geger inggih menika kahanan ingkang mboten saged dipun atur, amargi wonten ingkang njalari, geger saged dipun tegesi kahanan ingkang ribut, wonten prahara, ontran – ontran utawa rame. Tembung geger wonten ing cariyos menika dipun tegesi “ribut”.
4. Jawaban B (Tansah nindakake kesopanan)
Isi budi pekerti ing cariyos nginggil inggih menika Tansah nindakake kesopanan, wonten ing babagan ”saupama nembe wewangunem karo wong liya, tansah nengenake kesopanan”. Babagan menika nyariosake menawi tiyang menika kedah nindakake kesopanan kaliyan tiyang sanes.
5. Jawaban B (Ngaturake lungguh)
Lungguh wonten ing ukara menika ngemu teges kita kedah ngaturake lungguh ing kursi, bale utawi wonten ing papan panggonan ingkang dipun ginakake kangge lungguh menawi kedhayon tamu.
6. Jawaban D (Satuhu sidik ing wacana, dahat sinungkeman)
Migunakake satuhu sidik ing wacana lan dahat sinungkeman amargi :
• Ingkang minulya ing karya, dipun ginakake dhateng para wirotama, tamtama, satriyaning nagari, saenggo mboten trap kaliyan para sesepuh, aji sepuh lan pepunden. ( Jawaban A )
• Ambeg berbudi dharma, dahat kinurmatan, dipun kangge dhateng para wirotama, tamtama, satriyaning nagari, bahasanipun mboten trapsila kaliyan para sesepuh, aji sepuh lan pepunden. (Jawaban B)
• Berbudi utami, kagem sanak kadang, tangga tepalih, para tamu, pramila mboten trapsila kaliyan para sesepuh, aji sepuh lan pepunden. (Jawaban C)
• Dahat kinurmatan, dipun kangge dhateng para wirotama, tamtama, satriyaning nagari, saenggo mboten trapsila kaliyan para sesepuh, aji sepuh lan pepunden. (Jawaban E)
7. Jawaban B (Modernitas ingkang dipunpilah lan dipunpilih)
Sipat moral wonten ing pawarta menika saged dipun mangertosi saking ukara ”Sajroning modernitas ana bab-bab kang ditinggal, malah banjur mbebayani marang kalenggahan urip bebrayan”. Saking ukara menika saged dipun tegesi wosing pawarta inggih menika ”Modernitas ingkang dipunpilah lan dipunpilih”.
8. Jawaban C (Sikap ngapu rancang)
Sikap ngapu rancang, yaiku siap, olehe ngadeg tegap, jejeg, tangguh, saguh, mrabawa, mrantasi karya, solah bawa, sopan santun, trap sila. Pandelenge tajem, asta kedah trapsila kaliyan kahanan. Menawi saweg sesorah, sikap ingkang trap inggih menika ngapu rancang, amargi mangertosi kaliyan kahanan ingkang resmi.
9. Jawaban B (Atur pambagya)
• Atur kabar, ngabarake, nakokake kahanan para rawuh, kluwarga, pranata cara lsp. Mboten trapsila menawi dipun ginakake nampi rawuhipun para tamu ing pawiwahan.
• Pangajak, yaiku nakoke utawa ngaturake marang para tamu supados para tamu kersa ngaturake do’a. Para tamu kersa nindakake opo kang pranata cara aturake.
• Atur panglipur, dipun ginakake wonten ing sripah.
• Mutiara wicara, yaiku basa ingkang dipun ginakake menawi wonten ing ngajengipun tiyang kathah utawi acara resmi.
10. Jawaban D (Wirama, wirasa, wiraga)
Wirama,wirasa,wiraga sampun ngrembag babagan basa, raga, solah bawa, busana, atur pambagya lan swara wonten ing pawarta.
11. Jawaban A (Ngenget jasa pahlawan lan nglajengaken perjuwanganipun)
Unsur moral ing sesorah menika saged dipun mangerteni wonten ing ukara “ Boten lepat tuwin boten wonten awonipun kangge kita sedaya kangge ngenget jasa para pahlawan. Ing salebeting kita merdika kita taksih berjuang”. Ukara menika nggadahi arti supados ngenget jasa pahlawan lan nglajengaken perjuwanganipun.
12. Jawaban C (Luwih remen kaliyan budaya sanes)
Ingkang gumathuk kaliyan berita ing nginggil, yaiku ” Saiki taksih akeh sing lamis marang budayane dhewe”. Saking ukara kasebut saged dipun mangerteni wosing babagan inggih menika ”Luwih remen kaliyan budaya sanes”.
13. Jawaban E (Maha priksa)
Wikan, ngemu teges mripat (mata), ingkang gumathuk kaliyan wikan inggih menika priksa (lihat), saenggo “Maha Wikan” saged dipun mangerteni “Maha Priksa”. Saenggo saged dipun mangerteni menawi Maha adil, Maha agung, Maha kuwasa lan Maha mirah mboten trap kaliyan tegesipun Maha Wikan.
14. Jawaban D (Kancan)
Srawung, ngemu teges tepa slira, kenal, guneman, andap asor, ora mbedak-mbedakake antarane siji lan sijine dhateng tiyang sanes. Saged dipun tegesi srawung inggih menika “Kancan“ kaliyan tiyang sanes. Kancan wonten ing basa Indonesia tegesipun Teman, berteman dengan siapapun.
15. Jawaban B (Solah bawa)
Ingkang kedah dipungatosaken menawi guneman kaliyan tiyang sanes ingkang inggil inggih menika ”Solah bawa”. Busana, yuswa, asta lan panggonan (papan) saged dipun trapsilakake kaliyan kahanan amargi ”Solah bawa” sampun migatekake busana, asta, yuswa lan panggonan.
16. Jawaban C (Laku Utama)
Irah – irahan yaiku topik, tema, judul wonten ing cariyos, sesorah, geguritan, wara-wara, pawarta lsp. Wonten ing geguritan menika, irah irahanipun inggih menika “laku utama”.
17. Jawaban D (Ngupaya)
Tembung nggayuh ngemu teges, ngarepake lan nindakake apa kang dipun karepake kanthi remen (dalam bahasa Indonesia yaitu berusaha). Nggayuh yaiku berusaha, (ngupaya = basa Jawi).
18. Jawaban A (Rugi bandha bathi sedulur)
Rugi bandha (arta, pikiran, tenaga) amargi paring pitulung kaliyan tiyang sanes, nanging bathi angsal sanak / sedulur saking tiyang ingkang sampun dipun paring pitulung menika.
19. Jawaban C (Yen ana tamu tampanen kanthi basa sing becik ulat sumeh, grapayak, banjur diaturi pinarak)
“ Bapak wonten dalem, mangga lenggahanipun, kula badhe matur bapak”. Nyariosake menawi wonten tamu kedah dipuntampi kanthi basa sing becik ulat sumeh, grapayak, banjur diaturi pinarak.
20. Jawaban D (Unggah - ungguh)
Basa kang alus dipun ginakake menawi guneman kaliyan priyayi, tiyang ingkang derajatipun inggil. (Jawaban A)
Menawi ngagem sasmita mboten trapsila kaliyan kahanan, mboten sedaya tiyang saguh mangertosi sasmita menika, lan wonten kesan kirang sopan. (Jawaban B)
Menawi guneman kalih tiyang sanes saged sinambi lungguh, ngadeg, utawi kalih teturon (gerah) mboten migatekake solah bawa. (Jawaban C)
Irama nalika guneman kaliyan tiyang sanes mboten perlu dipun atur koyo dene pranata cara wonten ing acara resmi. (Jawaban E)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar